NJAGA LINGKUNGAN SEKOLAH
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Pertami-tami mangga kula lan panjenengan sedaya sareng-sareng manjataken puja
lan puji syukur dumateng Allah SWT. karena kula lan sampeyan sedaya maksih
disukani berkah lan karunia, sehingga kula lan panjenengan sedanten saged
kempal teng enjing ingkah cerah puniki dalam keadaan sehat wal’afiat. Shalawat
lan salam semoga tercurahkan dumateng junjungan kula lan panjengan sedaya Nabi
Besar Muhammad SAW, sareng keluarganipun, sohabatipun, uga dumateng kula lan
sampeyan sedaya ingkang dados umatipun.
Bapak/ibu guru ingkang kula hormati lan rencang-rencang ingkang kula cintai lan
bangga aken.
Pada dinten puniki kula
bade nyampeaken pidato kang judulipun “Menjaga Lingkungan Di Sekolah”.
rencang-rencang, perlu diweruhi bahwa lingkungan niku tempat gesange
sedantene makhluk. Saking arah mekaten
mangga kita sedaya sareng-sareng menjaga kelestarian lingkungan kita supados
pada saat kita gesang saged tentrem lan ayem. Salah setunggil cara njaga
kelestarian lingkungan yaniku supados njaga kebersiane. Njaga kebersian
lingkungan saged diawiti saking hal-hal kang alit, atanapi terkadang susah
ngangge dilakukakene . Contohe yaniku mbuang sampah teng tempate.
Saat saniki kesadaran
ngangge njaga kebersihan teng kalangan kita kang dados murid sangatlah kirang.
Ditingal saking lingkungan sekolah kita kang maksih katah sampah kang
berserakan, napa sampah plastik daharan lan ombean, utawi kertas. Padahal
tempat sampah kang disediaaken sekolah sampun memadai. Teng tiap pojok sekolah
wonten tempat sampah, teng lebete kelas pun wonten tempat sampah.
Ananging boten wontene
kesadaran saking diri kita ngangge mbuang sampah teng tempate sebagai wujud
njaga kebersian lingkungan sekolah kita. Selain mbuang sampah teng tempate,
kita uga saged njalanaken piket kelas sebagai aksi njaga kebersihan lingkungan
teng lingkup sekolahan. Lan mesti dibiasaaken memilah sampah sesuai sareng
kelompoke sederenge dilebetaken teng tempat sampah.
Jenis sampah dibedaaken
dados 3, yaniku :
1. Sampah Teles yaniku sampah kang gampil terurai lan mbusuk,
contohe; luwiyan panganan, sayur lan uwoh-wohan, sampah kebun lan sampah dapur.
2. Sampah Garing yaniku sampah kang boten saged mbusuk lan terurai secara
alamiah,
contoh: kertas, kardus, plastik, tekstil, karet, kaca, kaleng, lan sanes-sanese
3. Sampah B3 (Bahan Berbahaya lan Beracun) yaniku sampah beracun lan reaktif
kang saged mbahayakaken kesehatan sareng kehidupan organisme diantaranipun,
baterai, cat, pestisida, sampah rumah sakit, lan sanes-sanese.
Atanapi tempat sampah kang biasa disediaaken cuman 2 jenis, yaniku sampah teles
lan garing. Inggih menika pada akhire pemisahan sampah teles lan garing niku
dicampur sedanteng , sehingga dados sia-sia kita memilah sampah teles lan
garing wau, kang pada akhire didadosaken setunggil malih. Hal niki mesti wonten
kerjasama antara pemerintah lan sekolah kangge pembuangan sampah teles lan
garing wau ngangge ngurangi pencemaran lingkungan.
Sebagai penutup, kula mung
bade nyampeaken pesen saking pidato kula sareng nyampeaken setunggil
pepatah. “Kebersihan niku sebagian
saking iman”. Sareng niki kula ngarepaken rencang-rencang peduli lan sadar
dumateng pentinge njaga kebersian.
Mung semonten pidato saking kula, kirang lan lebihe kula sampeaken mohon maaf
atanapi wonten kesalahan teng tutur kata kula. Atas perhatianipun kula ucapaken
matur kesuwun ingkang seageng-agenge, lan kula akhiri.
Billahi Taufik Walhidayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Belum ada tanggapan untuk "NJAGA LINGKUNGAN SEKOLAH"
Post a Comment