Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, para rawuh sedaya, para
remaja putri ingkang kawula kurmati. Saderengipun, sumangga kita sesarengan
muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, awit sih nugraha
ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing siang/dalu menika kita
sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika kanthi raharja
mboten kirang satunggal menapa.
Salajengipun, kula minangka ketua
panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini ngaturaken agenging panuwun
dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa
rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.
Isi Pidato Hari Kartini
Para rawuh sedaya, sampun kita
mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April 1879 ing
Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti minangka dinten
lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini
ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyan
drajating priya.
Rikala gesangipun Raden Ajeng
Kartini, para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten
dipun keparengaken sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya.
Nanging samenika, para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya.
Asil perjuanganing Raden Ajeng
Kartini pranyata saestu saged kaleksanan, samenika sampun kathah para wanita
ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados Ibu
Megawati Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal.
Saupami Raden Ajeng Kartini taksih
sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum wanita ing wanci menika. Hak-hakipun,
sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang dipunkersakaken R.A Kartini inggih
menika ngagenging haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita,
menawi priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita inggih dipun parengaken.
Wanita mboten naming ing pawon.
Penutup Pidato Hari Kartini
Para
rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami nyambut damel
kangge majengaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah
jejibahan anggulawentah putra ing kulawarga lan ugi makarya minangka tandha
darma bektinipun dhateng negari.
Pamung menika ingkang saged kula aturaken,
mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang
sami nyyengkuyung pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. mugi
sedaya wau pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad.
Menawi anggen kula matur wonten
kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya,
kula nyuwun pangapunten.Nuwun
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
No comments:
Post a Comment